Tolong ya Amanat dari cerita Kumbakarna Gugur adalah... Ngejawabnya pake bahasa jawa ya..
B. Daerah
Rizalagfrans6298
Pertanyaan
Tolong ya Amanat dari cerita Kumbakarna Gugur adalah...
Ngejawabnya pake bahasa jawa ya..
Ngejawabnya pake bahasa jawa ya..
1 Jawaban
-
1. Jawaban claramatika
mata pelajaran : bahasa daerah
kelas : 8 SMP
kategori : carita pawayangan
kata kunci : kumbakarna gugur, amanat carita
pembahasan:
Amanat kang isoh dipetik saka carita pewayangan Kumbakarna gugur yaiku:
1. Dadi istri iku kudu sing satriyo, tegese tansah ndukung perjuangane garwane.
2. Kita kudu setia marang negara lan kudu tansah mbela negara ing ngendi wae.
3. Sayogyane, kita ora oleh nduweni prasangka/ pandakwa kang ala marang liyan. Menawa kanggo yakin, sayogyane takon marang uwonge langsung.
4. Kita kudu tansah mbela kabecikan sanadyan tumeka patining jiwa raga.
Ringkesan carita pewayangan Kumbakarna gugur:
Kumbakarna karo adhine, Wibisana, padha-padha adhine Prabu Dasamuka kang duwe watak ala. Kalorone sakjane satriyo kang elik-elik supaya ora meruhi tumindak angkara murka. Wibisana mertobat lan gabung marang Prabu Rama. Ananging Kumbakarna tetep ana ing negarane Prabu Dasamuka
Sawijining dina, Prabu Dasamuka dhawuh marang Kumbakarna kanggo nyulik istrine Rama, yaiku Sintha. Istrine Kumbakarna nggrantes amarga bubar kelangan anak- anake, ora lila nek bakal kelangan garwane. Kumbakarna paring nasihat marang istrine saengga istrine gelem mangerti. Kumbakarna mangkat perang kanggo nyulik Sintha. Ing peperangan, Kumbakarna nglawan pasukan kethek prajurite Prabu Rama. Tandange Kumbakarna lan prajurite ngedab-edabi.
Kumbakarna kepethuk Wibisana, adhine kang ditundhung Prabu Dasamuka. Ing kono Wibisana dadi ngerti menawa kakange, Kumbakarna ijik nduweni watak becik, yaiku namung tansah bela negara, merangi angkara murka, lan mbelani kabecikan/ kautaman. Kumbakarna perang ing jalan satriyo dudu amarga nurute dhawuh Prabu Dasamuka. Ananging ing perang iki, sanjatane Prabu Rama panah Gunawijaya, ngrampungi krodhane Kumbakarna. Kumbakarna gugur.