biografi tokoh islam menggunakan bahasa jawa
B. Daerah
Venticitra430
Pertanyaan
biografi tokoh islam menggunakan bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban muhrafly04
KH. Hasyim Asy'ari ya iku kyai kang nggawé (Basa Indonésia: organisasi massa Islam) gedhé dhéwé ing Indonésia, ya iku Nahdlatul Ulama utawa ing masarakat ingaran NU.[1] Hasyim Asy'ari lair ing Gedang, désa Tambakrejo Jombang nalika 10 April 1875 lan séda ing dukuh Tebu Ireng, désa Cukir kabupatèn Jombang tanggal 25 Juli 1947.[1] Lan uga dimakamké ing Désa Tebu Ireng ing lingkungan Pondok Pesantrèn Tebu Ireng.[1] Kyai Hasyim Asy'ari uga kalebu ing pratélan Pahlawan Nasional, kajaba iku piyambaké kalebu salah sawijining tokoh gedhé ing Indonésia ing abad 20.[1]
KulawargaBesut
KH. Hasyim Asy'ari ya iku anak kang nomer 3 saka 11 dulur.[2] Bapaké kagungan asma Kyai Asy'ari, pengasuh Pesantrèn Keras ing Désa Seblak, Kacamatan Diwek, Jombang lan Ibuné kagungan asma Halimah.[2] Miturut garis turunipun ibuné, KH. Hasyim Asy'ari iku kalebu turunan kaping wolu saka Jaka Tingkir.[2]