B. Daerah

Pertanyaan

contoh wawancara bahasa jawa krama inggil dengan pedagang

1 Jawaban

  • mata pelajaran : bahasa daerah
    kelas : 8 SMP
    kategori : wawancara
    kata kunci : wawancara, krama inggil
    pembahasan:
    Ngisor iki contho wawancara menyang pedagang nganggo krama inggil.
    Wartawan: Nuwun sewu pak, kula badhe nderek tanglet babagan nyambut damelipun njenengan angsal?
    Pedagang: Oh, nggih, mangga- mangga...
    Wartawan: Niki bapak sadean napa mawon nggih?
    Pedagang: Dolanan bocah-bocah mas. Enten mobil- mobilan, boneka, pasaran, celengan kewan. Nggih ingkang kula dasarke menika mas. Sak wontene kangge nyambung gesang mas.
    Wartawan: Bapak sampun nyambut damel sadean pinten tahun?
    Pedagang: Sampun 7 tahun kirang langkung mas.
    Wartawan: Biasanipun sedinten angsal pinten pak?
    Pedagang: Nggih mboten mesti mas. Menawi nembe rame nggih saged angsal setunggal atus ewu. Menawi radi sepi nggih naming kalih dasa utawi tigang dasa ewu.
    Wartawan: Njenengan gadhah putra pinten pak?
    Pedagang: Kalih mas. Setunggal SD, ingkang setunggal malih tesih TK.
    Wartawan: Istrinipun nyambut damel napa pak?
    Pedagang: Istri kula mbiyantu nyuci wonten dalemipun tiyang- tiyang mas. Kangge tambah- tambah bayar biaya pawiyatan putra- putra mas.
    Wartawan: Biasane kundur jam pinten pak?
    Pedagang: Jam 6 enjing kulo sampun bidhal, mantuk jam 4 sonten mas.
    Wartawan: Nggih cekap semanten pak wawancara dinten niki. Matur sembah nuwun nggih pak sampun kersa kula wawancara. Mugi - mugi sadean Bapak laris, lajeng kepanggih putra lan istri wonten dalem.
    Pedagang: Nggih mas, sami-sami. Aamiin, matur nuwun.

Pertanyaan Lainnya