Kimia

Pertanyaan

buatlah puisi bahasa daerah

2 Jawaban

  • Pahlawanku Wutahing ludirmu Nyiram ibu pertiwi Nadyan sang ibu Kudu muwun sedhih Karajang-rajang manahe Karujit-rujit rasa pangrasane Pahlawanku Mugya Gusti paring nugraha Semana gedhene bektimu Jiwa raga, bandha donya Tanpa sisa Amung siji pangajabmu Merdika
  • PETENGING WENGI
    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu
    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi
    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

Pertanyaan Lainnya